SURAT KAGEM BAPAK LAN IBU
Surat ini sebagai janji ketika kecil: Akan menulis surat untuk bapak-ibu kalau kerja dan jauh dari rumah. Janji yang tidak dapat ditepati… ternyata jaman telah lain, kantor pos telah berganti menjadi HP, dalam satu genggam bisa SMS dan telepon. Dan saat ini telah berubah menjadi video call… ntah beberapa tahun lagi menjadi apa… mudahan teknologi tetap bersahabat dengan manusia, sehingga anak cucu kita tak tergantikan oleh robot: tetap dengan kemanusiaannya.. andhap asor, hormat terhadap orang tua, dan hatinya peduli terhadap orang tua… semoga.
TRAH MBAH TANU
Mugi Ibu lan Bapak tansah kaparingan sehat. Kabar kula wonten ing mriki ugi sae-sae kemawon. Mboten keraos sampun wolong sasi kulo kesah saking griya sakperlu nyambut damel wonten ing Sumatera. Kula wonten ing mriki nyambut damel wonten pabrik sawit. Panggenan pabrikipun wonten ing tengah-tengah wana. Menawi mlampah saking dalan aspal kirang langkung satunggal setengah jam. Mergi mlebet pabrik sawit mriki taksih mergi siti abrit. Menawi jawah tansah lunyu, ananging menawi ketigo tansah mbledhug, sesek wonten dhadha lan saget marai mripat klilipan.
Kesah saking griya ingkang tebih menika temtu awrat. Menapa malih sakderingipun dereng nate tebih kaliyan bapak – ibu. Kangen, pengen wangsul…. Ananging dereng saget amargi kontrakipun satunggal tahun nembe saget wangsul. Wonten ing mriki temtunipun srawung kaliyan tiyang katah. Temtu ugi katah watak ingkan benten kaliyan watak ingkan kula mangertosi. Nate rencang pedamelan ingkang asli mriki sanjang kirang langkung menika: “Kowe wong jowo adoh-adoh mrene njajah kene… la nek ora piye, okeh wong pribumi sik ora iso kerjo,., paling dadi buruh…”. Lajeng, Bos menapa ingkang dados pimpinan perusahan ing mriki saking luar negeri. Menawi wonten kalepatan sakedik menapa lajeng dipun seneni, dipun bentak-bentak. Mboten namung wonten kantor, wonten ngajengipun tiyan katah ugi nate. Menika namun satunggal kalih cariyos, lan katah sanesipun.
Lajeng, manah menika bade mberot.. mberontak… nglawan… awrat… Ananging… kula tansah emut dateng cariyos ibu – bapak rikala rumiyin.
Bapak ingkang rumiyin ngasto dados guru wonten satunggaling kutho, lajeng kondor mboyong ibu dateng Semagung… Semagung ingkang sepi… kedhah mlampah tebih, lan mbokmenawi dereng wonten listrik, amargi listrik mlebet desa rikala kula taksih alit, rikala satunggaling partai politik menang anggenipun pemilu minangka janji politikipun. Ibu ingkang sakdereingipun dereng nate ngangsu ngagem klenthing, latihan nggendong klenthing,, nggendong telo, ngantos kepleset, dawah, lan sanesipun. Tebih,, tindak sonten ngintun telo, lajeng kondor malih. Ing enjingipun bidhal malih tindak dateng pasar… namung menapa… kanyata.. telonipun kathah ingkang nyolong… temtu rumaos mangkel.. muring..lan mbokmenawi nangis.. sedih… kok tega…
Lajeng cariyos bapak ingkang sak kondoripun ngajar saking SMP lajeng tindak wono sakperlu pados kajeng. Panas, lan mbokmenawi dereng dahar. Kajeng ingkang sampun garing dipun goroki, plathoki, lajeng dipun bongkoki.. dipun intun wonten pinggir mergi sakperlu mankeh menawi sampun kathah saget dipun sade… Ananging menapa… kanyata kajeng ingkang sampun dipun intun ical… wonten ingkan tega nyolong… Kula pitados, temtu bapak rumaos kuciwa, sedih… lan jengkel…
Ibu-Bapak… ingkang kula rumaosaken wonten ing mriki dereng wonten menapa-menapa tinimbang Ibu lan Bapak ingkang sampun lampahi. Taksih kedah kathah sinau supados tabah lan kuwat, pasrah dumateng Gusti nanging tetep semangat, mboten nglokro lan putus asa.
Piwucal ingkang Ibu-Bapak rikala alit tansah kula genggem. Lawuh ora oleh digadho.. nek mangan yo sak cukupe, nggoreng ndog siji diporo telu karo sedulure sanadyan mbokmenawa neng petharangan ijek enek ndog pitik liyane… mangan lawuh tempe yo njikuk siji sanandyan mbok menawa njikuk loro ya isa.. mangan kudu entek..ojok nganti guwang panganan… Ojo lali tansah nyenyuwun marang Gusti lumantar sembahyang Rosario…
Ibu-Bapak, ampun kuwatir… Kula sampun kiyat, kula saget mlampah kanti yakin.. Saking donga pangestunipun Ibu-Bapak, lan saking piwucal Ibu-Bapak.. Kula kiyat.. lan kula saget nuladha dados tiyang sepuh ingkang tanggel jawab kaliyan keluwarga…
Ibu-bapak, maturnuwun awit sedaya piwucalipun, sedaya donga pangestunipun kagem kula sak keluwarga… Mugi Ibu-Bapak tansah kaparingan panjang yuswa, sehat… lan Sugeng ngriayakaken pengetan 50th mbangun keluwarga. Ibu-Bapak ingkang tansah dados panutan kawula.
Penulis: Sihen
*surat ini sebagai janji ketika kecil: Akan menulis surat untuk bapak-ibu kalau kerja dan jauh dari rumah. Janji yang tidak dapat ditepati… ternyata jaman telah lain, kantor pos telah berganti menjadi HP, dalam satu genggam bisa SMS dan telepon. Dan saat ini telah berubah menjadi video call… ntah beberapa tahun lagi menjadi apa… mudahan teknologi tetap bersahabat dengan manusia, sehingga anak cucu kita tak tergantikan oleh robot: tetap dengan kemanusiaannya.. andhap asor, hormat terhadap orang tua, dan hatinya peduli terhadap orang tua… semoga.
